Jumat, 06 Mei 2011

Omah Miring

Bosen ngontrak omah terus, Paidi kepingin tuku omah dewe. Masio cilik-cilikan nek omah dewe kan enak, gak atek pindah-pindah maneh. “Bosen cak pindah terus, kesel angkat-angkate,”jarene Paidi nek ditakoni tanggane. Nah, ketepakan ulan iki Paidi kenek arisan. Lumayan duike iso kanggo nambahi tuku omah.

Dino Sabtu isuk, Paidi budal nang pasar. Katene nggoleki Cak Wonokairun. Biasane Cak Kairun njagong nang warunge Yuk Ti.

“Waduh tak goleki sak Suroboyo gak ketemu tibake cangkrug nang kene,”jarena Paidi.

“Koen ikulo laopo ngoleki aku, katene ngutangi aku tah,”bales Cak Kairun.

“Lho gak ngono cak, iki onok binis….eh bisnis, lumayan isok kanggo ansel-ansel,”

“Bisnis opo seh, raimu koyok ngono katek bisnis barang, paling kulakan rondo,”

Paidi langsung ngomong nek katene nggolek omah. Cak Kairun iku kenelane akeh. Sakbendino penggaweane yo makelaran. Macem-macem, mulai makelaran tanah, omah, sepede motor, sapi, wedhus, petek, sampek makelar balon yo tau dilakoni. Tapi dekne gak gelem nek diarani germo.

“Jancuk, aku iku wong beriman rek, duduk germo. Aku cumak ngandani, nek katene nggolek balon nang kono, lha perkoro aku dikei duek karo balone, yo rejekiku,”jarene.

Ngerti Paidi katene nggolek omeh, Cak Wonokairun ngguyu.

“Lho ojok ngguyu peno, wong katene nggolek omah kok diguyu,”

“Gak ngono rek, koen iku lho tas oleh buntutan tah kok kepingin duwe omah, piro duekmu kepingin tuku omah iku,”

“Lha mangkane iku aku njalok tulung peno cak, nek iso aku golekno omah sing rodok miring, sebab duekku rodok cekak iki,”

Paidi ngomong nek cumak duwe duwek setitik. Masio mlebu gang yo gak popo, pokoke gak kudanan gan kepananasan.

“Wah nang Suroboyo rodok repot nek duweke sak mono, onok nang Gresik gelem koen,”

“Lho ojok adoh-adoh cak, nek iso cedek-cedek Pasar Wonokromo kene. Nek daerah Jemur utowo Wonocolo gak popo, utowo mburine pabrik kulit yo gelem aku,”

“Onok nang Menur, gelem tah koen,”

“Sampeyan kiro aku wong gendeng tah. Wis saiki ngene ae, iku duek sampeyan tompo kanggo panjer. Lha nek gol, kurange tak bayar mburi,”

Mari ngekekno duek panjer, Paidi langsung lungo nerusno penggaweane nang Pasar Wonokromo.

Dino Senen, persis telung dino, Paidi nggoleki cak Wonokairun maneh. Nakokno opo wis nemu omah pesenane dekne.

“Koen ojok kuatir. Ojok keon celuk aku iki Wonokairun nek gak iso mecahno permasalanmu. Opomaneh cumak perkoro omah, kueecilllll……Koen eroh, Pak Basofi iku pas nggolek omah kanggo anake, iku njaluk tulung aku. Cak Narto nggolek omah yo perantarane aku. Sampek-sampek Pak Susamto, Walikota Malang nggolek tanah yo njaluk tulung aku,”

“Berarti wis kesuwur Cak Wonokairun makelar nomor satu. Tapi omah ku wis oleh opo durung,”

“Lho koen gak percoyo karo aku tah, kok sik takon maneh,”

“Gak ngono cak, aku kan selak kepingin pindah omah. Sidane nang endi omahku cak,”

Cak Wonokairun ngandani omahe Paidi nang Jermursari gang limo, mburine pos hansip. Tapi masio wis dijelasno panggonanae, Paidi tetap gak jelas. Dekne njaluk diterno ndelok langsung omah sing dituku. Akhire teko Pasar Wonokromo langsung nang Jemursari gang limo.

“Tak jamin koen mesti seneng ndelok omahe,”

“Tapi rodok miring kan cak,”

“Koen ojok kuatir, persis koyok pesenanmu. Gak cumak rodok miring tapi wis arepe roboh,”

Paidi kaget setengah matek bareng ndelok omah sing arep dituku. Sebab omah iku wis gak rupo maneh, sebab arepe roboh mari diterak banjir.

“Lho kok koyok ngene cak. Omah rusak sampeyan dol nang aku,”jarene Paidi rodok ngamuk.

“Lha jare koen nggolek omah sing rodok miring. Iki las wis miring, malah arepe roboh,”

“Jancokkk…pancene wong tuek gak tau sekolah, sing tak maksud itu rodok miring regone cak, duduk koyok ngene,”

“Koen kan gak tau ngomong miring regone,”

Akhire Paidi gak sido tuku omah………….

Tidak ada komentar:

Posting Komentar